Primbon2

loading...

Kamis, 22 Agustus 2019

Qulhu goib

Sholawat Qulhu Qhoibi


Bacaan qulhu goibi
Qulhu goibi

allahumma inni as.aluka bismikal a’dzomil maktubi minnuuri wajhikal
a’lalmu.abbad, adda-imil ba-qil mukhollad, fi-qolbi nabiyyika
warosulika muhammad, wa as.aluka bismikal a’dzomil wa-khidi
biwakhdatil akhad, almuta’a-lii ‘anwakhdatil kammi wal ‘adad,
almuqoddasi ‘an kulli akhad, wa bikhaqqi bismillahirrohmanirrohim, qul
huwallohu ahad, allahussomad, lamyalid walam yulad, walam yakul lahu
kufuwan akhad, an tusolliya ala sayyidina muhammadin sirr khayaatil
wujud, wassababil a’dzomi likulli maujud sholatan tu tsabbitu fi-qolbil iiimaan, watukhaffi.dzunil
qur’an, watufahhimuniii minhul aaayaat, wa.taftakhu li biha nuurul
jannat, wa nuuron na’iiim, wa nuron nadzori ila wajhikal karim, wa.ala
alihi wasohbihi wasallam
sholawat qulhu ghaibi ini mengandung energi ilahiyah yang cukup besar dalam berbagai hal didunia, mulai dari;

- tarik dana ghaib.

– untuk mengembalikan barang hilang.

– untuk membuat orang yang pergi entah kemana agar kembali kerumah.

- untuk menemui nabi khidir.

– untuk menemui nabi muhammad.

– untuk membangkitkan tuah, info lengkapnya sudah saya jelaskan dipostingan terdahulu.

– untuk membuat uang asmak.

– untuk transfer energi penyembuhan.

– untuk membuat air hikmah.

– untuk membuat minyak pengobatan.

- untuk membuat sesuatu menjadi obat.

– untuk pelarisan.

– untuk pengasihan.

– untuk membersihkan diri secara spiritualitas.

– untuk ketenangan bathin dan ketentraman rumah tangga.

– untuk keselamatan.

– untuk menyembuhkan diri sendiri dan orang lain.

– untuk pengobatan medis dan non medis.

– untuk membangkitkan tuah kemenyan.

– menguatkan tuah pusaka.

– menguatkan tuah dan membangkitkan tuah suatu benda.

Demikian 
Khasiat Sholawat Qulhu Ghaibi, walau masih banyak kekurangan dan mungkin ada kesalahan mohon maaf yang sebesar besarnya, terimakasih semoga bermanfaat, Amin wallahu A'lam bissowab.


Minggu, 04 Agustus 2019

Ngalamat keduten

NGALAMAT KEDUT

Lamun keduten :
1. Saranduning awak kabèh, arep seneng ndeleng kaéndahan.
2. Sirahé, arep olèh dahulaté ratu.
3. Embun-embunan, arep dadi mantri.
4. Bathuk tengen,arep olèh arta.
5. Bathuk kiwa, arep nemu suka.
6. Alis tengen, arep olèh arta.
7. Alis kiwa, arep katemu kakasihé.
8. Tlapukan mripat tengen ndhuwur, arep olèh arta.
9. Tlapukan mripat tengen ngisor, arep nemu kasusahan.
10. Tlapukan mripat kiwa ndhuwur, arep olèh kabecikan.
11. Tlapukan mripat kiwa ngisor, arep nangis.
12. Tadhahluh tengen, arep nangis.
13. Tadhahluh kiwa, luwar saka prihatin.
14. Papadoning mripat tengen, arep ningali kakasihé.
15. Papadoning mripat kiwa, arep kasusahan.
16. Wrejilané mripat tengen, arep nangisi wong mati.
17. Wrejilané mripat kiwa, arep ningali wong saka désa.
18. Pipi tengen, arep dipanggawé wong.
19. Pipi kiwa arep lara.
20. Irung sisih tengen, arep olèh arta kalal.
21. Irung sisih kiwa, arep ketemu kakasihé.
22. Lambé tengen ndhuwur, arep olèh srama (pangan).
23. Lambé tengen ngisor, arep kapénak awake.
24. Lambé kiwa ndhuwur, arep rarasan karo sanaké.
25. Lambé kiwa ngisor, arep olèh pagawéyan becik.
26. Tengah lambé ndhuwur, arep tukaran.
27. Tengah lambé ngisor, arep mangan énak.
28. Kuping tengen, arep katemu sanaké.
29. Kuping kiwa, arep nemu ujar becik.
30. Janggut tengen, arep dimumulé wong agung.
31. Janggut kiwa, arep ketemu wong agung diparingi panggawéyan.
32. Gulu tengen, arep lara èpèh.
33. Gulu kiwa, arep lara, nanging gelis waras.
34. Pundhak tengen, krabaté nemu lara.
35. Pundhak kiwa, arep dimumulé wong wadon.
36. Pundhak kiwa-tengen, arep lara.
37. Bau tengen, arep tukaran.
38. Bau kiwa, arep lara.
39. Geger tengen, ana wong teka utang dhuwit.
40. Ula-ula, arep lara utawa susah.
41. Geger kiwa,arep nemu kabegjan.
42. Dadha tengen, arep ketemu kekasihé.
43. Dadha kiwa, arep weruh wanita ayu banget.
44. Dadha ing tengah, arep olèh kabegjan.
45. Susu tengen, arep olèh arta.
46. Susu kiwa, arep katekan mantri.
47. Weteng tengen, arep olèh rejeki akèh.
48. Weteng kiwa, arep olèh arta akèh.
49. Puser (wudel), arep olèh kanugrahaning Allah.
50. Kekempong tengen, arep olèh wanita.
51. Kekempong kiwa, arep duwé anak.
52. Atiné, arep olèh arta.
53. Tangané tengena utawa kiwa’a, arep olèh arta.
54. Èpèk-èpèk tengen, arep olèh arta.
55. Èpèk-èpèk kiwa, arep olèh babathèn soko dol tinuku.
56. Lengen tengen, arep olèh rijeki.
57. Lengen kiwa, arep olèh arta.
58. Sikut tengen, atiné nemu ora kepénak.
59. Sikut kiwa, arep olèh duduka.
60. Driji manis tangan tengen, arep olèh arta.
61. Driji manis tangan kiwa, arep olèh wanita.
62. Jenthik tangan tengen, arep dipupu wong.
63. Jenthik tangan kiwa, karep tinampan déning wong.
64. Sela-selaning driji tangan tengen, arep olèh seneng.
65. Sela-selaning driji tangan kiwa, arep kinasihan wong gedhé.
66. Jempol tangan tengen, arep olèh bojo becik.
67. Jempol tangan kiwa, arep olèh jodho.
68. Panuding tangan kiwa, arep kawirangan.
69. Panuding tangan tengen,arep olèh pagawéyan.
70. Panunggul tangan tengen, arep lara.
71. Panunggul tangan kiwa, arep susah.
72. Lambung tengen, arep nemu susah.
73. Lambung kiwa, arep muring-muring.
74. Bangkèkan tengen, arep olèh kabecikan.
75. Bangkèkan kiwa, arep ndhuwèni asih marang wong liya.
76. Purus tengen, arep jimak.
77. Purus kiwa, arep dadi pangulu.
78. Bokong tengen, arep ana wong kang teka.
79. Bokong kiwa, sihing Allah arep teka.
80. Yèn kang keduten wanita, bokongé tengena utawa kiwa’a, wanita mau arep olèh guru laki (bojo).
81. Pupu tengen, arep lumaku utawa tetemon karo wong wadon.
82. Pupu kiwa, arep ana wong anggawa arta. Yèn lara, ana wong anggawa tatamba.
83. Cicingklok tengen, arep dimumulé wong.
84. Cicingklok kiwa, arep olèh arta.
85. Wentis tengen, arep tukaran.
86. Wentis kiwa, arep ketemu sanaké.
87. Gares tengen, arep lulungan.
88. Gares kiwa, arep diundang wong.
89. Dlamakan tengen, arep nemu serik.
90. Dlamakan kiwa, arep lulungan adoh.
91. Sela-selaning driji sikil tengen, arep olèh gawé.
92. Sela-selaning driji sikil kiwa, arep olèh jodho.
93. Sikilé tengen utawa kiwa, arep olèh arta, utawa karawuhan priyayi.
94. Wawadiné, duwé karep ora bisa kawetu.
95. Jubur, nemu lara.
96. Gorokan tengen, arep nemu bebaya.
97. Gorokan kiwa, arep nemu kasusahan gedhé.
98. Githok tengen, arep nemu untung.
99. Githok kiwa, arep wèwèh.
100. Pagelangan tangan kiwa, arep kinasihan wong agung.
101. Pagelangan tangan tengen, arep olèh wahyu becik.

Babon asli kagunganipun Kanjeng Pangèran Harya Tjakraningrat ing Ngayogyakarta Hadiningrat 

Toh atau Tanda lahir ,tompel

Toh atau tanda lahir atau tompel makna arti tanda lahir  di dahi atau jidat  Tanda lahir,atau toh,tompel 1.Dahi atau jidatMenan...